April 11, 2013

Permen Davos

ANCAS – Seprane-seprene wong Jawa Tengah lan sakubenge wis ora pangling karo permen Davos. Wujude gepeng, putih rasane semriwing. Lah, angger Dawos kiye asli weton Purbalingga?. PT Slamet Langgeng depimpin daning Bapak Siem Tjong An kawit taun 1961 nganti taun 1968, lan taun 1968 jabatan pimpinan perusahaan deweken maring Bapak Toni Siswanto Hardi merga Bapak Siem Tjong An nutugna sinau maring Belanda. Bapak Toni Siswanto Hardi mimpin PT Slamet Langgeng nganti akhir wulan Juni 1983 merga dheweke tilar dunya. Kawit kuwe perusahaan depimpin Ibu Corie Sumadibrata nganti Mei 1985. Merga umur, jabatan pimpinan deweken maring Bapak Budi Handoyo Hardi kawit tanggal 1 Juni 1985 nganti siki.

Davos kuwe jeneng kutha hawane adhem sing ana neng Swiss. Kutha cilik nang pegunungan Alphen kuwe dadi insprirasine PT Slamet Langgeng njenengi permen rasa methol kiye lan sing pertama ana neng Indonesia. Merga wis dadi perusahaan sing nglegenda mestine udu prekara entheng nggo ngupakara supaya tetep eksis.

Angger ngomongna permen Davos sing wujude buder putih debungkus kertas biru tuwa. Apamaning permen Davos pancen ketelah dearani kembanggulane wong tuwa. Nggo ngrubah image kiye perusahaan nganakna pirang-pirang terobosan salah sijine diferensiasi produk. Rasa permen Davos pancen beda karo permen liyane. Seger alami tur semriwing. Pancen kiye istimewane permen Davos angger debandhingna karo permen-permen liyane. Mula ora gumun senajan merk permen wis ora etungan ning permen Davos nganti siki akeh pelanggane.

Miturut Nicodemus Hard, Managing Director PT. Slamet Langgeng, lagi jaman Jepang perusahaane nglakon bangkrut. Njuran menyat maning sawise taun 1945. Jeneng perusahaane deganti dadi PT Slamet Langgeng & Co. sing mroduksi Permen Mint Davos, Kresna, Aplina lan Davos Lux. Seliyane mroduksi kembang gula uga ana produk liya kayadene limun lan biskuit merk Slamet. Ningen kawit taun 1973 Biskuit Slamet leren produksi merga kangelen bahan baku. (Joko TW)

Sumber: http://majalahancas.blogspot.com/2012/11/permen-davos.html

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

15 + one =