April 19, 2013

Kadipaten Purwakarta

Banjoemas.Org

Banjoemas.Org

 

Kaki Bawor, Kaki Hartoyo isih umyeg dopokan karo macit mendhoan lawuh cengis nang Bojongsari, gubuge kaki Hartoyo. Sing dirembug isih crita kota Purwakerta sing sekiye dadi Kota Kadipatene Banyumas.

“Ramane, jere gemiyen Purwakerta kuwe kadipaten dhewek, pisah karo Banyumas ya ramane”, takone Hartoyo maring kaki Bawor.

“Lho apa iya sih ramane”, Gonang, guru nang Sekolah Dasar Penusupan melu takon, kepengin ngerti larah-larahe.

“Kuwe bener, Purwakerta jaman gemiyen pancen dadi kota kadipaten pisah karo Banyumas, lawase antara 100 taun utawa 1 abad. Sing dadi adipati kawitan yakuwe adipati Mertadireja sing banjur diparingi Jeneng Brotodiningrat dening Susuhunan Pakubuwono Kraton Surakarta Hadiningrat.

“Kedadeyane keprimen ramane”, Gonang isih takon merga durung paham.

Kuwe kedadeyan taun 1830 sewise perang Jawa utawa Perang Diponegoro. Banyumas sekukuban yakuwe Purbalingga, Banyumas, Banjarnegara lan Dayeuhluhur, disrahaken sekang Susuhunan Pakubuwono maring Landa. Njuran Gubernur Jendral Landa Van Den Bosch mbagi Banyumas dadi lima.

1. Kabupaten Banyumas, bupati Raden Ngabehi Cakradirja nganggo gelar Raden Adipati Cakranegara kedadeyan sekang – Onderdistrict Banyumas – Onderdistrict Adireja – Onderdistrict Purworejo Kelampok.

2. Kabupaten Ajibarang, bupati Raden Adipati Martadireja II. Taun 1832 pindhah maring Purwakerta, merga Ajibarang keterjang udan lisus nganti 40 dina. Pendhapa Kadipatene rubuh. Kadipaten Purwokerto Kedadeyan sekang – Onderdistrict Purwokerto – Onderdistrict Ajibarang – Onderdistrict Jambu Jatilawang

3. Kabupaten Purbalingga, bupati R.M. Tumenggung Dipakusuma II, Kedadeyan sekang – Onderdistrict Poerbolinggo – Onderdistrict Soekaradja – Onderdistrict Kertanegara Bobotsari – Onderdistrict Tjahjana

4. Kabupaten Banjarnegara, bupati Raden Tumenggung Dipayuda IV. Kedadeyan sekang – Onderdistrict Banjar – Onderdistrict Singamerta – Onderdistrict Leksan – Onderdistrict Karangkobar – Onderdistrict Batur

5. Kabupaten Dayeuhluhur, Bupati Raden Tumenggung Prawira­negara Kedadeyan sekang – Onderdistrict Majenang – Onderdistrict Dayeuhluhur – Onderdistrict Pegadingan – Onderdistrict Jeruklegi.

“Wektu semana durung ana kabupaten Cilacap ya ramane”, takone Hartoyo.

“Cilacap lair taun 1856. Kuwe tegese wektu semana Cilacap durung lair. Sing ana ya Kadipaten Dayeuhluhur”, sekiye ganti Gonang sing mangsuli. Pak Guru ndesa isih kemutan laire Kadipaten Cilacap kanthi bupati kawitan Cakrawedana II, tilas patih Purwakerta sing njuran dipindhah lan trukah nang Cilacap.

“Lha nggabunge Banyumas maring Purwakerta kapan ramane, jaman kuwe sapa sing dadi adipati utawa Kanjeng Bupati”, takone Hartoyo.

Banyumas nggabung karo Purwakerta taun 1937, nalika bupatine Tumenggung Sujiman Gandasubrata. Pindhahe kadipaten Banyumas maring Purwakerta ditengeri karo pindhahe pendhapa si Panji sekang Banyumas maring Purwakerta ningen ora kena ngliwati kali Serayu. Pendhapa Purwakerta lawas dirubuhaken merga kayu-kayune akeh sing pada bosok, wis miring arep ambruk”, terange kaki Bawor. KLILAN.

Sumber: http://www.panjebarsemangat.co.id/kadipaten-purwakerta