April 13, 2013

SETUPAMAS, Setu Pahing Banyumas

Gendhu-gendhu rasa saben Setu Pahing #Komunitas

Arepa lagu kebo gidro, aja ngantek bubar. Masalaeh angger nganti kelangan lajer, senajana wit gedhe gampang dhungkar, dhungkare malah bisa gawe kapitunane wong akeh. Kasunyatane sing kersa dadi lajer ya langka nang jaman sekiye.

Stupa Mas anggep baen lajer sing nyatane ya lajer. Jaga lithong! karo ngimpuni nonoman mbok ana sing gelem nggenteni dadi lajer. Peradaban Banyumas aja nganti ilang slasaeh. Arepa tembung jere nyatane almarhum Eyang Mrapat ya ana makame, kae cikal bakal sing trukah. Dadi ya ora luput nganggo ngelmune kae, urip nang ranah peradhabane kae. Moga-moga sedulur tetes Banyumas ( Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Cilacap, lan liya-liyane sing padha ngapak ilate lan nang wengkoning Peradabane Eyang Mrapat ) pada nemoni karahayon kapingarepe, ora dadi lelethek gelah2aning bumi Nusantara, sukur bage bisa ngarumaken NKRI. Rahayu.