April 15, 2013

FKBN, Ngumpulna balung pisah wong ngapak

FKBN Banyumasan utawane singkatan sekang Forum Komunikasi Bahasa Ngapak Banyumasan de gawe nggo ngumpulna sedulur-sedulur sekang wilayah Banyumas sekukubane sing pada aktif neng dunia maya/internet khususe sing pada sering facebook-an. Mergane wis pada manggon neng endi ora tetep ana wadah nggo crita-crita nganggo bahasane dewek.

Dina kiye tanggal 15 April kuwe pas genep umur rong (2) taun anggene kang Blay Rino ngedegna FKBN taun 2011. Dadiya muga-muga bisa terus nyambung goli silaturrahmi sekabehan anggota sing wis ngasi 760 wong jumlaeh.

Nggo informasi, ana wong sing de pasrahi nggo ngurusi wilayah:
Jakarta: Kang Blay Rino
Rantau Hongkong: Aji Angin Jingga
Banyumas: Kang Kartiko, Mbekayu Titi & Dyah, Agustina
Bandung: Chiechie

 

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

eleven − 9 =