April 22, 2013

Dlembong

Dlembong kuwe tegese wong sing seneng mangan, mbuh mangan apa baen nganti wareg methunthung tur kadang ora nguman-ngumani batire.
Contone, wong biyasa angger mangan sroto semangkok wis wareg, ningen angger wong dlembong kuwe bisa 3 ngantek 4 mangkok. Ngumbar weteng nganti wetenge mlembung. Lha, kuwe sing de arani dlembong.

April 15, 2013

FKBN, Ngumpulna balung pisah wong ngapak

FKBN Banyumasan utawane singkatan sekang Forum Komunikasi Bahasa Ngapak Banyumasan de gawe nggo ngumpulna sedulur-sedulur sekang wilayah Banyumas sekukubane sing pada aktif neng dunia maya/internet khususe sing pada sering facebook-an. Mergane wis pada manggon neng endi ora tetep ana wadah nggo crita-crita nganggo bahasane dewek.

Dina kiye tanggal 15 April kuwe pas genep umur rong (2) taun anggene kang Blay Rino ngedegna FKBN taun 2011. Dadiya muga-muga bisa terus nyambung goli silaturrahmi sekabehan anggota sing wis ngasi 760 wong jumlaeh.

Nggo informasi, ana wong sing de pasrahi nggo ngurusi wilayah:
Jakarta: Kang Blay Rino
Rantau Hongkong: Aji Angin Jingga
Banyumas: Kang Kartiko, Mbekayu Titi & Dyah, Agustina
Bandung: Chiechie